Jumat, 16 April 2010

ilmu kesempurnaan hidup

ILMU SIR KESEMPURNAAN HIDUP
Anênggih punika pituduh ingkang
sanyata, anggêlarakên dunung lan
pangkating kawruh
kasampurnan, winiwih saking
pamêjangipun para wicaksana ing
Nungsa Jawi, karsa
ambuka pitêdah kasajatining kawruh
kasampurnan, tutuladhan saking
Kitab Tasawuf,
panggêlaring wêjangan wau thukul
saking kawêningan raosing
panggalih, inggih cipta
sasmitaning Pangeran, rinilan
ambuka wêdharing pangandikaning
Pangeran dhatêng
Nabi. Musa, Kalamolah, ingkang
suraosipun makatên: Ing sabênêr-
bênêre manungsa iku
kanyatahaning Pangeran, lan
Pangeran iku mung sawiji.
Inilah sebuah petunujuk yang benar
yang menjelaskan tentang ilmu sirr
kesempurnaan
hidup, yang berakar dari ajaran para
ahli hikmah di tanah Jawa, yang
hendak membuka
hakikat kesempurnaan sejati, sebuah
pelajaran dari kitab Tasawuf,
tersingkapnya ajaran
ini terpancar dari kebersihan jiwa
heningnya alam pikiran, yaitu
tanggapnya rasa atas
cipta Tuhan, dengan ihlash
mengawali pelajaran ini yakni
dengan menukil Firman Allah
kepada Nabi Musa AS yang
bermakna : Yang sebenar- benar
manusia itu adalah
kenyataan (adanya) Tuhan, dan
Tuhan itu Maha Esa.
Pangandikaning Pangeran ingkang
makatên wau, inggih punika
ingkang kawêdharakên
dening para gurunadi dhatêng para
ingkang sami katarimah
puruitanipun. Dene wontên
kawruh wau, lajêng kadhapuk 8
papangkatan, sarta pamêjanganipun
sarana kawisikakên
ing talingan kiwa. Mangêrtosipun
asung pêpengêt bilih wêdharing
kawruh kasampurnan,
punika botên kenging kawêjangakên
dhatêng sok tiyanga, dene
kengingipun
kawêjangakên, namung dhatêng
tiyang ingkang sampun pinaringan
ilhaming Pangeran,
têgêsipun tiyang ingkang sampun
tinarbuka papadhanging budi
pangangên-angênipun
(ciptanipun).
Firman Allah yang demikian ini yang
diajarkan oleh para ahli (mursyid)
kepada sesiapa
yang diterima penghambaannya
(salik). Dimana ajaran itu, kemudian
teringkas menjadi 8
hal, penyampaiannya dengan cara
membisikkan ke telinga murid
sebelah kiri.
Pemahaman semacan ini
memberikan pengertian bahwa ilmu
'kasampurnan' ini tidak
seyogyanya diajarkan kepada
sembarang orang, kecuali kepada
orang-orang yang telah
mendapat hidayah dari Allah SWT,
artinya orang yang telah tercerahkan
dirinya (ciptanya)
.
Awit saking punika, pramila ingkang
sami kasdu maos sêrat punika
sayuginipun
sinêmbuha nunuwun ing Pangeran,
murih tinarbuka ciptaning sagêd
anampeni saha
angêcupi suraosing wejangan
punika, awit suraosipun pancen
kapara nyata yen
saklangkung gawat. Mila
kasêmbadanipun sagêd angêcupi
punapa suraosing wêjangan
punika, inggih muhung dumunung
ing ndalêm raosing cipta kemawon.
Maka dari itu, barang siapa yang
sudi membaca tulisan ini
seyogyanya berlandaskan
permohonan kepada Allah, agar
kiranya dapat terbuka ciptanya
hingga mampu
menerima dan memahami
maknanya, karena makna dari
ajaran ini ternyata sangat
rumit/berbahaya. Maka bisanya
memahami ajaran ini tidak lain
hanya berada di dalam
cipta - rasa pribadi.
Mila inggih botên kenging kangge
wiraosan kaliyan tiyang ingkang
dereng nunggil raos,
inggih ingkang dereng kêparêng
angsal ilhaming Pangeran. Hewa
dene sanadyana
kangge wiraosing kaliyan tiyang
ingkang dereng nunggil raos,
wêdaling pangandika ugi
mawia dudugi lan pramayogi,
mangêrtosipun kêdah angen
mangsa lan êmpan papan
saha sinamun ing lulungidaning
basa.
Maka tidak boleh kiranya untuk
didiskusikan dengan orang yang
belum sapai atau belum
mengunggal rasanya dengan kita,
yaitu orang yang belum menerima
hidayah dari Allah
SWT. Walau demikian seandainya
harus disampaikan kepada orang
yang belum sampai,
hendaknya disampaikan dengan
sangat hati-hati, melihat situasi-
kondisi, waktu dan
tempat yang tepat serta
disampaikan dengan kiasan bahasa
yang indah.
Mênggah wontêning wêwêjangan 8
pangkat wau, kados ing ngandhap
punika:
Delapan wejangan tersebut di atas,
sebagaimana di bawah ini:
I, 1. Wêwêjangan ingkang rumiyin,
dipun wastani: pitêdahan
wahananing Pangeran,
sasadan pangandikanipun Pangeran
dhatêng Nabi Mohammad s.a.w.
Makatên
pangandikanipun: Sajatine ora ana
apa-apa, awit duk maksih awang-
uwung durung ana
sawiji-wiji, kang ana dhihin iku
ingsun, ora ana Pangeran anging
ingsun sajatine kang
urip luwih suci, anartani warna aran
lan pakartiningsun (dat, sipat, asma,
afngal).
I. 1 Wejangan yang pertama,
disebut pelajaran akan sifat-sifat
Allah. Sebagaimana firman
Allah kepada Nabi Muhammad SAW
yang bermakna kurang lebih begini:
Sesungguhnya
tidak ada apa-apa tatkala sebelum
masa penciptaan, yang ada (paling
awal) itu hanya Aku,
tidak ada Tuhan kecuali Aku yang
Hidup dan Maha Suci baik asma
maupun sifatKu (dzat,
sifat, asma, af'al).
I, 2. Mênggah dunungipun makatên:
kang binasakake angandika ora ana
Pangeran anging
ingsun, sajatine urip kang luwih
suci, sajatosipun inggih gêsang kita
punika rinasuk
dening Pangeran kita, mênggahing
warna nama lan pakarti kita, punika
sadaya saking
purbawisesaning Pangeran kita,
inggih kang sinuksma, têtêp
tintêtêpan, inggih kang
misesa, inggih kang manuksma,
umpami surya lan sunaripun,
mabên lan manisipun,
sayêkti botên sagêd den pisaha.
I. 2. Yang dimaksud begini: Yang
digambarkan tiada tuhan kecuali
aku, hakekat hidup
yang suci, sesungguhnya hidup kita
ini adalah melambangkan citra Allah,
sedang nama
dan perbuatan kita itu semua berasal
dari Kemahakuasaaan Allah, yang
'menyatu' ibarat
matahari dan sinarnya, madu
dengan manisnya, sungguh tiada
terpisahkan.
II, 1. Wêwêjangan ingkang kaping
kalih, dipun wastani: Pambuka
kahananing Pangeran,
pamêjangipun amarahakên
papangkatan adêging gêsang kita
dumunung ing dalêm 7
kahanan, sasadan pangandikanipun
Pangeran dhatêng Nabi Mohammad
s.a.w. Makatên
pangandikanipun: Satuhune ingsun
Pangeran sajati, lan kawasan
anitahakên sawiji-wiji,
dadi padha sanalika saka karsa lan
pêpêsteningsun, ing kono
kanyatahane gumêlaring
karsa lan pakartiningsun, kang dadi
pratandha.
II.1 Wejangan yang kedua adalah :
Pengertian adanya Allah., Wejangan
ini mengajarkan
bahwa elemen hidup kita ini berada
pada 7 keadaan, sebagaimana
firman Allah kepada
Muhammad SAW yang maknanya
begini: Sesungguhnya Aku adalah
Allah, yang
berkuasa menciptakan segala
sesuatu dengan kun fa yakun dari
qodrat dan iradatKu,
yang demikian ini menjadi pertanda
bahwa Allah Maha Kuasa atas segala
sesuatu.
II, 2. Kang dhihin, ingsun gumana
ing dalêm awang-uwung kang
tanpa wiwitan tanpa
wêkasan, iya iku alam ingsun kang
maksih piningit.
II.2. Yang pertama, Aku ada dalam
ketiadaan yang tanpa awal serta
tanpa akhir, itulah
alamKu yang Maha Gaib.
II, 3. Kapindho, ingsun anganakake
cahya minangka panuksmaningsun
dumunung ana
ing alam pasênêdaningsun.
II, 3. Kedua, Aku mengadakan
cahaya sebagai manifestasiKu,
berada dalam kehendakKu.
II, 4. Kaping têlu, ingsun anganakake
wawayangan minangka panuksma
lan dadi
rahsaningsun, dumunung ana ing
alam pambabaraning wiji.
II, 4. Ketiga, Aku menciptakan
bayang-bayang sebagai pertanda
citraKu, yang berada
pada alam kejadian/penciptaan
(mula-jadi).
II, 5. Kaping pat, ingsun anganakake
suksma minangka dadi pratandha
kauripaningsun,
dumunung ana ing alaming gêtih.
II. 5. Keempat, Aku mengadakan
ruh sebagai pertanda hidupku, yang
berada pada darah.
II, 6. Kaping lima, ingsun
anganakake angên-angên kang uga
dadi warnaningsun, ana ing
dalêm alam kang lagi kêna
kaumpamaake bae.
II, 6. Kelima, Aku mengadakan
angan-angan yang juga menjadi
sifatku, yang berada
pada alam yang baru boleh
diumpamakan saja.
II, 7. Kaping ênêm, ingsun
anganakake budi, kang minangka
kanyatahan pêncaring
angên-angên kang dumunung ana
ing dalêm alaming badan alus.
II, 7. Keenam, Aku mengadakan
budi, yang merupakan kenyataan
penjabaran angan-
angan yang berada pada alam
ruhani.
II, 8. Kaping pitu, ingsun anggêlar
warana kang minangka
kakandhangan sakabehing
paserenaningsun. Kasêbut nêm
prakara ing dhuwur mau tumitah
ana ing donya iya iku
sajatining manungsa.
II, 8. Ketujuh, aku menggelar akal
sebagai sentral/wadah atas semua
ciptaanku. Enam
perkara tersebut di atas tercipta di
dunia yang merupakan hakikat
manusia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar